Drama Bahasa Jawa
"Tobate Bocah Nakal"
Ing wedal wangsul saking sekolah, dina kalian lina ingkang wangsul nitih sepeda motor,bingung karanten sepeda motoripun mogok.. saklajengipun kiyambak’e Nisa : “dodik, reneo...”
Dodik : “ nyapo nis..?”
nisa : “dik, aku jalok tolong yo, pedahku mogok, samean iso mbenakne opo gak..?”
Dodik : “ iso sakjane, tapi aku wegah ngewangi... aku ape maen game neng warnet.. lek pengen pedahmu iso mlaku meneh, yo benakno dewe..”
(dodit ngaleh, ninggalne anis lan nisa seng kebingungan)
(moro-moro amir teko)
Amir : “ ono opo lin..?”
Lina : “ iki lo, sepeda motor ku mogok, samean iso mbenakne opo gak?”
Amir : “oh, aku iso, sek yo tak benakne disek, samean ambek nisa lingguh disek neng ngisore uwet yo, ngko lek wes mari tak omongi..”
Lina: “ o,iyo..kesuwun yo..”
(akhire pedah’e lina iso murip maneh)
Amir : “ lin, nis..pedah’e wes iso murip meneh.. “
Nisa lan lina: “beh, kesuwun yo mir...”
Amir: “iyo podo-podo..”
Adegan 2
Ketika dodik sedang diperjalanan menuju ke warnet, tiba-tiba dia melihat seseorang yang tidak sengaja menjatuhkan beberapa barang bawaannya...
Dina : “ ya Allah, ceblok kabeh iki barang-barang ku, piye iki lek ngeringkesi meneh yo.. “
Dodik : “haha... kapok we.. salah’e wes ngerti awak’e sak biteng, gowoane sak mono akeh’e.. “
Dina : “ piye to mir, enek wong seng kesusahan wayah’e di tolong, malah diguyu... ati-ati lo mir, ngko lek samean kenek balesane, buru kapok samean.. “
Dodik : “halah ngomong opo lo..”
(dodik ngelanjutne perjalanan menyang warnet)
(fikri marani dina)
Fikri : “ono opo din..?”
Dina : “ iki lo fik, barang-barang ku ceblok kabeh.. “
Fikri : “ yo wes, kene tak ewangi.. “
Dina : “ kesuwun yo fik.. “
Adegan 3
pas apene nyebrang, dodik gak noleh kiwo tengen, sahinggo gak sengojo lina lan nisa nyerempet dodik..
(brak)
Dodit : “waduh biyung, sikilku loro... “
Fikri : “ ya Allah dodit... nyapo dit, kok koyok ngene.. “
Dodit : “ aku diserempet pedah fik.. “
nisa : “ ya ampun, sepurane yo dik, ngko tak obati yo... “
Dina seng weroh rame-rame lansung moro..
Dina : “ enek opo iki, kok rame-rame.. ?”
Nisa : “iki lo, dodit mau nyebrang gak noleh-noleh disek, dadi yo gak sengojo keserempet pedah.. “
Dina : “dodit..? oalah, mangkane mau kan wes tak omongi, lek enek wong susah ki ditolong ojo malah diguyu, lha lek ngene kan wes kapok to.. ?”
lina : “ iyo, mau pas sepeda ne nisa mogok, gak gelem ngewangi malah ngelokne.. “
Fikri : “yo wes lah rek, sepuranen dodit, mesakne saiki arek’e sek koyok ngene.. “
Dodit : “ iyo rek, aku jalok sepuro yo, aku ngaku lek aku nakal, ... tapi sok lek aku wes sehat, aku janji bakalan tobat gak nakal meneh.. “
Dina : “iyo tak sepurani samean..”
Lina lan nisa : “ yo, samean yo wes tak sepurani.. “
Sakwise kui dodit dadi arek seng rajin, sopan lan seneng ngewangi wong seng susah
0 komentar:
Posting Komentar